Laman

Jumat, 15 Maret 2013

Kawruh Basa 1


Tata kramane Bocah marang Guru

      

         Ana ing pamulangan, awake dhewe saliyane mangerteni bab kawruh liya-liya, becike uga ngerti bab tata krama marang guru. 

Umpamane
v Sugeng enjing, sugeng sonten, lan sapanunggalane, apese iya manthuk tandha aweh hurmat.
v Nalika kasep mlebu kelas, kamanga wulangan wis lumaku kudu matur,”Nyuwun pangapunten, kula kasep jalaran jawah”, umpamane. Ora kena mbludus kelas terus lungguh bangkune.
v Yen sesuk arep ora mlebu, iya pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit luwih dhisik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu.
Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah bocah angel wulang-wulangane bab tata krama. Karepe mung arep mbantah wae, amarga padha nduweni panemu yen tata krama iku kudu di guwang marga tinggalane kaum feodal. Ana uga sing ngira, yen tindak-tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindakane wong kang jirih. Kosok baline, tindak-tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel.
Para mudha sing susila yaiku pemudha kang bisa aweh pakurmatan marang sapa wae kang pantes dikurmati, dudu wong kang jirih lan ora nduweni greget maju, Wedi marang tumindak kang klebu larangan lan kang mitunani wong liya. Wani ngakoni kaluputane dhewek, nanging iya wani njentrehake bab kang bener miturut kang dadi keyakinane.

Murid kang sopan lan ngerti marang tata krama iku:
ü Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar , nyingkiri. Ananging malah sareh mapagake sarta asung kurmat kanthi manthuk.
ü Yen ketemu gurune ana ing toko utawa panggonan liya, ora ndadak ndelik amping-ampingan wong liya, nanging panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani, malah banjur asung kurmat.

Para mudha sing tembe dadi kekembanganing bangsa yaiku nom-noman kang saiki bakal gumani para sepuh enggone nerusake dadi panutane bangsa. Mula saka iku, awake dhewe kudu nduweni rasa pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, kudu nggegulang tata krama kang laras karo jamane.

Aja gampang kelud marang adat pakulinan manca (luar negeri) kang ora mesthi mathuk marang tata cara kabangsaan kita. Awake dhewe kudu padha nduweni semboyan: “Putraning bangsa kudu ngerti tata krama.” Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni, nanging lumuh ngajeni.

Lire: kitha, para murid, kejaba sregep ngundhakake kawruh, supaya pinter ing bab wulangan, wasis ing bab kagunan, uga wajib ngerti marang tata krama. Srawunge bocah-bocah kudu cedhak karo gurune nanging aja ninggalake tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang guru mung nganggo basa ngoko wae, kaya caturan karo kancane dhewe. Nuwun

DAFTAR BLOG TER-UPDATE